Rerepan Dhandhanggula Sri Minulya ~ Nembang Jowo

Sabtu, 09 April 2011

Rerepan Dhandhanggula Sri Minulya

Wonten sekawan pupuh rerepan sekar dhandhanggula sri minulya.
Surasane wasita jinarwi
Paring saking kang Maha Kuwasa
Jinereng jumbuh jamane
Dadi mulya sagung pra janmi
Rading pra Nata Praja
Keduga satuhu
Puhing tindak dursila
Lelangen mring Pancasila mrih utami
Garan mulyaning Bangsa
Kudangane Gusti Maha Suci
Tumuju mring manungsa sanyata
Lan pra kadang sabangsane
Kahanan mrih rahayu
Dimen tentrem Praja punika
Praja Gung Indonesia
Pembangunan maju
Kanthi dhasar Pancasila
Lan Bhineka Tunggal Ika mrabawani
Kuncara ing Bawana
Kuncarane Nagara punika
Nenggih Praja kita Indonesia
Merdika nut ing jamane
Memayu reh rahayu
Ngudi mulya lahir lan batin
Mamayu yu bawana
Budayane luhur
Azas dhasar Pancasila
Undhang Undhang Empat Lima hanjiwani
Mranata mrih minulya
Kwajibane pra warga nagari
Warga Nagara trah Indonesia
Setyo rumeksa Prajane
Marsudi budi luhur
Ngudi marang ngelmu utami
Ningkatke katentreman
Bangsa mrih rahayu
Makarya memangun Praja
Mamrih bagya Mulyaning janma sakalir
Tansah eling waspada

Tidak ada komentar:

Posting Komentar