"Google" Boso Jowo ~ Nembang Jowo

Sabtu, 09 April 2011

"Google" Boso Jowo

Wis tau ngerti kan, nek search engine paling ngetop Google iso dirubah bosone. Pilihan boso sing ono jumlahe nganti 105 macem! Mulai soko boso2 internasional koyo Prancis, Jerman, Arab, Cino, nganti boso aneh ra jelas koyo boso Hacker, Bork bork bork!, lan Klingon (Hah! boso iki ono penggunane ta? bongso Klingon iku ono tenan ta? bongso sing bathuke njlekithut-njlekithut iku?!). Boso Indonesia jelas mlebu, penggunane ono luwih 200 juta ngono yo mesti kudu ono to.

Sing nggawe aku kaget pas pertama kali aku ngerti ono fasilitas iki, ono pilihan kanggo boso jowo!! iyo, google nganggo boso jowo nyel ngono kuwi. Wis tau ngerti kan? Nek durung ngerti (sakno tenan sampeyan :P), iso dibuka ning kene utowo ning kene.






Begitu pilihan boso jowo iku tak pilih, metu situs Google nganggo boso jowo. Aku ngguya-ngguyu dhewe moco kalimat2 boso jowone Google. Hihihi... lucu ngono loh (maksude "gitu loh" :D ). Semono taun mbuka2 website soko ngendi2, baru iku nemu sing nganggo boso jowo. Dadine yo kroso aneh. Mungkin podho koyok ngono sing dirasakno poro blogger sing pertama kali nemu blog iki, ora lumrah, aneh lan lucu, masiyo to sedina-dina ne nggawe boso jowo. Masalahe kan wis kadung biasa moco website iku yo nganggo boso inggris, istilah2e iku wis paten ngono loh. 

Coba to: 
"Google Search" dadi "Google Nggoleki" 
"Groups" dadi "Paguyuban"
"webpage" dadi "webkaca"
"I'm feeling lucky" dadi "Kula krasa bejo" 


huehehehehe... ora lumrah tenan
sing paling lucu, ning pilihan boso ono boso aneh sing ning versi Inggrise ditulis "Bork,bork,bork!"... embuh iku boso endi. Ning versi boso jowone, pilihan boso iku ditulis "Mbuh,mbuh,mbuh!" ... whuahahahaha!!!   

Ora Konsisten

Tapi nek tak woco2, koyoke pilihan ukara sing digawe kurang konsisten. Koyo to, ning banner-e kuwi ditulis "Google basa jawi alus", padahal sing digawe iku boso ngoko. Sing nganggo boso kromo cuma "kulo" ning "Kulo kroso bejo", iku juga boso madyo dudu boso alus. Lan sing paling ancur tata-basane iku kalimat iki "Nyetel pilihan ora saget mlaku yen cookies nang browsermu sampun diilangi"... kaco tenan :P 

Terus maneh sebagian besar ditulis nganggo dialek jawa-tengahan, sing nganggo akhiran "-ake", koyo "nemukake", "mbalekake", "didhasarake". Tapi ono nylempit siji boso jawa-timuran, sing nganggo akhiran "-no", yoiku "Ndadekno Google kaca utama Homepage". Mestine kan "ndadekake", nek arep konsisten jawa-tengahan.

Carane nulis huruf "a" sing diwoco "o" uga nggak konsisten. "Soko" ditulis "saka" nganggo "a", tapi "opo", "kroso" ditulis nganggo "o". Liyane malah mencla-mencle, "boso" karo "koco" kadang ditulis nganggo "o" kadang karo "a". Sing lucu ono "cara-cara" sing ditulis dadi "coro-coro".. hahaha!! :D

Ono maneh ukara2 sing digawe ning kono iku sing aku ora tau ngerti. Koyo "recommended" iku dadi "didawukake", terus "interface" iku dadi "gatokane". Embuh aku durung tau krungu kata-kata iku. Ono sing ngerti?

Ngembangne Boso Jowo

Masiyo ono kurang2e koyo ngono, tapi anane boso jowo dadi pilihan ning interface Google iku jelas kehormatan sing mbebungahake. Mungkin pancen ora ono sing butuh banget karo interface boso jowo iki, soale mayoritas pengguna boso jowo sing melek internet iku kan minimal ngerti boso indonesia, utowo sing ning suriname kono yo ngerti boso londo. Paling enggak iki dadi pengakon nek boso jowo iku iso diusahakake dadi sejajar karo boso liyane. Durung sejajar seh, tapi iso diusahakake :)

Boso jowo dadi boso ilmiah utowo dadi boso teknologi mungkin isih kroso aneh. Secara boso jowo iku saiki iki luwih lumrah digawe boso percakapan tinimbang boso tulisan. Nek dienggo kanggo boso tulisan juga mung terbatas ning tulisan sing mbahas soal sastra lan budaya jowo.

Mungkin nggak yo, boso jowo dikembangne dadi boso ilmiah utowo boso teknologi? 
Tapi perlu nggak sih? 

sumber : http://adf.ly/18s1M

Tidak ada komentar:

Posting Komentar